RINGKESAN BABAD DESA KESAMBEN

Miturut asiling karya penelitian saha katrangan-katrangan ingkang saged kaimpun saking sawetawis priyagung, sesepuh saha pinisepuhing desa Kesamben, bilih ing wekdal kala samanten ing tlatah ngriki karawuhan para priyantun sabregada ingkang dereng kasumurupan asal-usulipun.

Pacak barising priyantun kalawau dipun pandhegani dening satunggiling Kyai ingkang sesulih Kyai MARDUM. Para priyantun kalawau lajeng sami saiyek saeka kapti babad wana ing tlatah ngriki ingkang kala sawau taksih arupi wana bebondhotan. Saking sekedhik wana ingkang ing ngajeng kalebet angker kabikan kadadosaken dusun/kampung. Gotheking akathah bebukaning dusun kala wau kanthi linambaran kukuhing tekadmanunggaling raos nyawisaken papan panggenan kangge gesang lan panggesangan ing salajengipun.

Dening panjenenganipun Kyai MARDUM, dusun enggal kala wau kaparingan tetenger KESAMBEN, ingkang dipun pundhutsaking namining tetuwuhan ingkang kathah kapanggih ing tlatah ngriki kala samanten. Ing salajeng kangge suhing tata titining akathah, salah satunggaling pandherek ingkang taksih mudha-taruna inggih pun SOKARIYO, kapatah nambut pusaraning adil dados Kepala Kampung Kesamben.

Wasana ing titimangsa warsa 1881 kampung Kesamben dening pangarsaning negari karesmekaken dados Dusun Kesamben minangka peranganing Desa Pagergunung, lan mboten antawis dangu lajeng kasengkakaken mandireng pribadi dados Desa Kesamben.

Wondene sara silahpara priyantun ingkang ngembat pusaraning adil ing Desa Kesamben wiwit-wiwitanipun ngantos sapriki ingging puniko :

1. 1881 - 1920 SOKARIYO ( Ki Demang SOKARIYO )

2. 1920 - 1924 SOMASUNU

3. 1924 1924 ( 3 wulan ) Bapak KARTADIHARDJO

4. 1924 - 1925 SOMASUNU

5. 1925 - 1930 Bapak PONCO MUDJI SENIN

6. 1930 - 1938 Bapak MARTO LERI

7. 1938 - 1948 Bapak KARTO SENTONO SEMPU

8. 1948 - 1965 Bapak MESERAN BASUKI

9. 1965 - 1966 Bapak SOENARDI (carik desa Kesamben)
minangka Pejabata kepala desa Kesamben

10.1966 - 1970 Bapak TUGIMAN

11.1970 - 1989 Bapak MESIRAN HS

12.1989 - 1990 Bapak HENDRIK SUHANTO (carik)
minangka Pejabat Kepala Desa

13. 1990 - 1997 Bapak ERLISETYO

14. 1998 - 2006 Bapak HERI SUSANTO

15. 2007 - ngantos sakniki Bapak HERI SUSANTO

Mekaten ringkesan Babad Deso Kesamben

Nuwun...................
Tidak ada postingan.
Tidak ada postingan.